Perangane Layang Jawa
1.Adangiyah (adawiyah).
2.Pambuka (bebuka).
3.Isi (surasa basa).
4.Panutup (wasana basa).
5.Titi mangsa (tanggal).
6.Peprenahan.
7.Tapak asma.
Adangiyah nelakake
unggah-ungguhing
layang
1.Taklim (ingkang taklim), marang sadulur tuwa,
utawa menyang sapadha-padha kang perlu
diajeni.
2.Salam taklim, marang sedulur enom, utawa
menyang sapepadhane.
3.Ingkang salam, marang sedulur enom kang
perlu diajeni, amarga pangkate luwih dhuwur.
4. Ingkang pandonga, saka wong tuwa marang
wong enom kang diajeni.
5.Ingkang Pandonga, saka wong tuwa marang
anak putune dhewe utawa sing karengkuh kaya
anake dhewe.
6.Ingkang sembah, saka wong cilik marang para
luhur, nadyan pangkate padha.
7.Ingkang sembah sungkem, saka wong enom
marang sesepuh (simbah) utawa para luhur.
8.Ingkang sembah pangabekti, saka wong enom
marang wong tuwane dhewe, umpamane :
Bapak, Ibu, Simbah, wong wadon marang
kakunge.
9.Ingkang pangabekti, marang wong tuwa kang
diajeni (dibekteni), umpamane : marang ipene
kang kaprenah tuwa.
10.Sembah sujud, saka kawula marang Gustine.
11.Pamuji, umpamane : karengga sagunging
kaurmatan, Karengga sagunging pahargyan,
kairing ing sagunging kaurmatan, pudyarja, lan
sapiturute.
Iku kabeh, satemene mung owah-owahan saka kang
kasebut ing dhuwur mau.
Amarga ana pakewuhe anggone arep nandukake
unggah-ungguh.