PENILAIAN TENGAH SEMESTER 1 SD KANISIUS MURUKAN
TAHUN PELAJARAN 2023/2024
Mata Pelajaran:Bahasa Jawa Hari/tanggal:Senin, 12 September 2023
Kelas : V (Lima) Waktu :09.15-10.4590 menit)
I.Wenehana tandha ping (X) ing wangsulan A, B, C utawa D sing paling bener!
Gatekna wacan ing ngisor iki!
Teks sesorah kanggo soal no.1-7
Hari Kartini
Ibu kepala sekolah ingkang kula kurmati, Bapak lan lbu guru ingkang kula kurmati,bapak ibu
wali murid ingkang kula kurmati, mas/mbak kelas enem, kanca-kanca kelas gangsal lan adhik-
adhik kelas ingkang kula tresnani. Monggo kito panjataken dalemipun Gusti Allah ingkang maha
agung.Awit ing wekdal meniko kito taksih diparingi pinaringan sehat saengga ing dalem punika
Kita saget makempal kanthi pinaringan sehat wal afiat.
Sampun kita mangertosi Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21 April ing Jepara taun
1879. Pramila saben tanggal 21 April kita pengeti dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini lan
perjuanganipun ingkang sampun ngangkat drajatipun wanita ngantos saged sami kaliyan drajating
priya. Para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan ing jaman rumiyin,saengga mboten dipun
keparengaken sekolah, mboten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya. Kita saged mirsani
samenika para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya, saged makarya lan saged
nerusake pendidikan. Sampun kathah wanita ingkang gadhah amanah ing jabatan penting,
contonipun dados pemimpin.Menawi para priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita kedah
dipun parengaken supados mboten naming ing pawon.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kalepatan atur saha solah bawa ingkang
mboten mranani penggalih, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum wr.wb.
sumber:https://www.99.co/blog/indonesia/pidato-bahasa-jawa/
1.Sapa kang nindakake sesorah?
A.Bapak guru
B.lbu guru
C.wakil siswa kelas V
D.Wakil siswa kelas VI
2.Kapan pidhato kasebut dilaksanakake?
A.Nalika upacara bendera
B.Nalika upacara perpisahan
C.Nalika Dinten Kartini
D..Nalika Dinten Kamardikan
3.Kenging napa tanggal miyosipun Raden Kartini dipunpengeti dening Hari Kartini?
A.Amarga Raden Kartini iku wanita bangsawan Jawa
B.Amarga Raden Kartini gadhah pemikiran ingkang maju
C.Amarga perjuanganipun ingkang sampun ngangkat drajat wanita
D.Amarga Raden Kartini iku simbol wanita ingkang pinter
4.Apa kesimpulanmu bibar maos teks pidato menika?
A.Priya lan Wanita nduweni derajat ingkang sami.
B.Wanita nduweni derajat ingkang paling dhuwur
C.Priya nduweni derajat ingkang paling dhuwur
D.Sapa wae bisa dadi pemimpin
5.Teks sesorah ndhuwur ana perangan sing kurang yaiku....
A.Salam pambuka
B.Atur pakurmatan
C.Isine sesorah
D.Salam panutup
6.Perangan sesorah kang urut yaiku....
A.isi,pambuka,lan panutup
B.isi,panutup, lan pambuka
C.pambuka, isi, lan panutup
D.panutup, isi,lan pambuka
7.Ngisor iki tuladha ukara panutup sesorah...
A.Kula ngaturaken panuwun awit kerawuhan Bapak/lbu Guru.
B.Kula matur nuwun dene kanca-kanca sampun nindakaken program sekolah.
C.Karana pentingipun kasarasan, mangga kita nindakaken reresik lingkungan.
D.Mekaten atur kula,mbok bilih wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.
8.Adipati Karna lair awit saka grusa grusune Dewi Kunthi nalika isih timur kang matek aji
paringane Resi Druwasa. Timur ing kalimat kasebut tegese....
A.Tuwa
B.Etan
C.Enom
D.arah mata angin
9.Barathayuda mujudake perang gedhe antarane Pandhawa lan Kurawa ora bisa diselaki amarga
wis dadi garising pesthi. Mulane Pandhawa lan kurawa wiwit nekani krajan-krajan saakeh-
akehe kanggo ngumpulake wadyabala sing melu belani.Barathayuda mujudake perang gedhe
lan wus niwasake prajurit maewu-ewu sarta satriya uga akeh sing wis gugur.
Isi crita wayang kasebut....
A.Perang Barathayuda kadadeyan ing Tegal Kurusetra
B.Perang Barathayuda iku perang antarsedulur sing gedhe niwasake akeh nyawa.
C.Perang Barathayuda newasake Adipati Karna
D. Perang Bharatayuda iku bisa dicegah umpama pandhawa lan kurawa akur
10.Ing perang Barathayuda,sapa kang nandhingi Adipati Karna?
A.Adipati Karna dipuntandhingi Raden Arjuna.
B.Adipati Karna nandhingi Raden Arjuna.
C.Raden Arjuna nandhingi Adipati Karna.
D.Raden Arjuna dipuntandhingi Adipati Karna.
11.Adipati Karna iku putrane Dewi Kunthi lan Bathara Surya.
Ukara pitakon kang jumbuh karo ukara ing ndhuwur....
A.Sinten wong tuanipun Raden Karna?
B.Kados pundi Raden Karna lahir?
C.Raden Karna iku titisan dewa apa?
D.Sinten gurunipun raden Karna?
12.Dewi Kunthi banjur mangerteni pawongan sing tandhing lawan Arjuna iku satemene putrane
dhewe sing barep,yaiku Karna. Dheweke bisa mangerteni menawa kuwi putrane iku awit saka
rerenggan kang nempel'ing badane iku menangka peparingane Bathara Surya. Dewi Kunthi
sanalika lemes meruhi Karna tandhing kalawan Arjuna kang ora liya adhine dhewe senajan
beda rama.
Ringkese crita kasebut ....
A.Adipati Karna iku sejatine kakang adhik kaliyan Raden Arjuna.
B.Dewi Kunthi lemes meruhi putra-putrane padha tandhing
C.Adipati Karna iku putrane Bathara Surya.
D.Rerenggan kang nempel ing badane Adipati Karna iku peparingane Bathara Surya.
13.Gajah Sumatera kagolong kewan gedhe kang bakal cures.Cures tegese....
A.Akeh
B.Entek
C.Lunga
D.Langka
14.Bu Melati...manawi mbenjing Jumat sekolah badhe ngadakaken upacara Dinten Kamardikan:
A.Ngendika
B.Dhawuh
C.Omong
D.Kandha
15.Banjir kang disebabake dening udan tanpa leren lan selokan ingkang kasumbat dening sampah
ing Kabupaten Klaten njalari wong 355 warga Desa Jumoyo lan Sirahan ngungsi menyang
lokasi penampungan.
Topik wacan kasebut....
A.Banjir
B.sekolan kasumbat sampah
C.udan deres
D.prastawa alam
Wacan kanggo pitakon nomer 16-17
Kejaba nrajang pomahan warga, banjir lahar adhem uga nyasak dalan gedhe jurusan
Yogyakarta-Magelang,trepe ing Kreteg Kali Putih Desa Jumoyo,Kabupaten Magelang.Krana
lendhut sing kandele 4 meter, dalan nasional sing dawane 800 meter mau ora bisa diliwati
kendharaan. Polisi lalulintas kepeksa mindhahake jalur Semarang-Yogya liwat Kecamatan
Salam lan Kecamatan Srumbung.
Sumber:Panyebar Semangat No.4 Tahun 2011
16.Wacan ing dhuwur irah-irahane....
A.Lahar Adhem Nglumpuhake Klaten
B.Lahar Adhem Nglumpuhake Magelang
C.Lahar Adhem Nglumpuhake Semarang
D.Lahar Adhem Nglumpuhake Yogyakarta
17.Wacan ing dhuwur sumbere saka
A.Solopos No.4 Tahun 2010
B.Solopos No.4 Tahun 2011
C.Panyebar Semangat No.4 Tahun 2010
D.Panyebár Semangat No.4 Tahun 2011
18.Bena lahar saged nglumpuhaken Magelang.
Bena tembunge ngoko....
A.Iline
B.Panas
C.Banjir
D.Akeh
19.Ukara ngisor iki ngandharake bab prastawa alam yaiku
A.Gajah Sumatera kagolong kewan gedhe kang bakal cures.
B.Banjir lahar adhem Minggu bengi mau dudu sing sepisanan.
C.Para warga resik-resik lumpur kang ngurugi dalan-dalan.
D.Akeh alas kang dibabati kanggo pasawahan.
20.“Bena lahar" yen ditulis aksara Jawa dadi....
A.M
B.M
C.M
D.m
II.Isenana cecek-cecek ngisor iki kanthi tembung sing trep ing lembar wangsulan kang sumadia
21.Pramila saben tanggal 21 April kita pangeti dinten miyosipun Raden Ajeng Kartini. Miyos
tegese....
22.Cekap semanten ingkang saged kula aturaken wonten wekdal punika.
Ukara iku cocok kanggo sesorah perangan....
23.Gatotkaca gugur dening pusakaning Karna, yaiku....
24.Perang Bharatayuda iku perang antara... lan....
25.... ingkang tandhing lawan Arjuna ing perang Bharatayuda?
26.Guguripun Adipati Karna (ndadekake)saya ringkihing barisan Kurawa
Tembung njero kurung kramane....
27.Wontenipun banjir ndadosaken kapitunan masyarakat. Kathah griya ingkang ambruk, kewan
kentir, tanduran sami rusak, lan sanes-sanesipun.
Topik wacan ing dhuwur....
28.Nulis tembung "buah carica"nggunakake pasangan ca wujude...
29.mnnmizYen ditulis Latin dadi....
30."Sekolah Dasar" yen ditulis Jawa dadi....
III.wangsulana