Struktur Teks Legendha ORIENTASI Yaiku perangan teks kanggo ngenalake utawa tetepungan paraga , lan kedadean dumadine crita . 2. KOMPLIKASI Yaiku perangan teks kanggo nerangake ngenani konflik utawa perkara kang ana sajroning crita 3. RESOLUSI Yaiku perangan teks kanggo nerangake perkara sing wis diudhari
Legenda Sangkuriang – Tangkuban Perahu Ing jaman mbiyen , iki cerito seko putri rojo ing Jawa Barat sing jenenge Dayang Sumbi . Dheweke duwe putro lanang jenenge Sangkuriang . Bocah iku seneng banget mburu . Dheweke mburu dikancani Tumang , asu favorit istana . Sangkuriang ora ngerti yen asu iku minangko titisane dewo lan ugo bapake . Ing sawijining dino , Tumang ora gelem nuruti printahe kanggo mburu kewan . Dadi , segawon utowo asu mau dibuwang neng alas. Naliko bali neng istana , Sangkuriang nyritakake kedadenan iku marang ibune . Dayang Sumbi nesu lan keciwo naliko krungu critane kui mau . Ora disengojo dheweke nyabet sirahe Sangkuriang nganggo sendok pari sing dicekel . Sawise kedadenan iku mau , Dayang Sumbi getun karo awake dhewe . Dheweke mesti ndongo lan sregep topo . Biyen , poro dewo menehi hadiah . Dheweke bakal enom lan duwe kaindahan tanpo wates . Sakwise pirang-pirang taun ngumboro , Sangkuriang kepengen bali neng negorone . Tekan kono , kerajaan wis ganti kabeh . Ing kana dheweke ketemu karo bocah wadon sing ayu , sing ora liyo yo Dayang Sumbi . Kagum karo kaindahane , Sangkuriang nglamar dheweke . Amarga pemuda iku tampan , Dayang Sumbi kesengsem banget karo dheweke . Ing sawijining dino Sangkuriang nyuwun pamit kanggo mburu . Dheweke njaluk tulung marang Dayang Sumbi kanggo ndandani bandhile.Dayang Sumbi kaget banget naliko ndeleng bekas luka ing sirahe calon garwane iku . Tatu iku kayadene tatune anake sing wis ilang . Sawise suwe saya nggatek ake , praupane nom- noman iku podho banget karo praupane putrone . Dheweke maleh dadi wedi . Mulo banjur dheweke golek upoyo kanggo nggagalke proses lamaran . Dheweke terus menehi rong syarat . Kaping pisanan , dheweke njaluk wong nom- noman iku mau supoyo mbendung kali Citarum . Lan sing selanjute seng nomer loro , dheweke njaluk Sangkuriang mau nggawe prau gseng edhe kanggo nyabrang kali. Kaloro syarat iku mau kudu dipenuhi sadurunge waktu subuh . Bengi iku Sangkuriang langsung nindakake tugas mau . Nganggo kekuwatan supranatural , dheweke ngerahake jin utowo makhluk gaib kanggo mbantu dheweke ngrampungake tugas . Dayang Sumbi meneng meneng nyawang kerjanane Sangkuriang . Bareng pagaweane iku meh rampung , Dayang Sumbi terus mrentah pasukane kon gulung kain sutra abang ing sisih wetan kutho . Naliko ndelengne warna abang ing sisih wetan kutho , Sangkuriang teros mikir yen bengi iku wis esuk . Dheweke ugo mandheg kerjanane . Dheweke nesu banget mergo ora iso netepi sarat sing diwehi dening Dayang Sumbi . Kanthi kekuwatan , dheweke terus nyuwil bendungan sing digawe mau . Ono banjir parah ing saindenging kutho kui . Banjur nendhang prau gedhe sing digawe mau . Prau iku ngambang lan tibo ing gunung sing diarani “ Tangkuban Perahu .” CONTO TEKS
Nghidentifikasi Struktur Wacan/Teks ORIENTASI , kayata paraga / tokoh , latar wektu , latar panggonan . PARAGA : DAYANG SUMBI, TUMANG, SANGKURIANG Perlu dibuktekne karo paragraf sing nyengkuyung pranyatan ning nduwur “ Ing jaman mbiyen , iki cerito seko putri rojo ing Jawa Barat sing jenenge Dayang Sumbi . Dheweke duwe putro lanang jenenge Sangkuriang . Bocah iku seneng banget mburu . Dheweke mburu dikancani Tumang , asu favorit istana . Sangkuriang ora ngerti yen asu iku minangko titisane dewo lan ugo bapake .”
TAPI… Kok akeh ya Kesel Bu, Nulis kathah … SING TENANG!! AWAKMU ISA NGRINGKES PARAGRAF KUI MAU NGANGGO BASAMU DEWE, SING PENTING INTI UTAWA POKOK CRITANE ORA ILANG.
RESOLUSI RESOLUSI, uga diarani Kesimpulan utawa akhir crita utawa keputusan sing ana ing sajroning crita . “ Dayang Sumbi meneng meneng nyawang kerjanane Sangkuriang . Bareng pagaweane iku meh rampung , Dayang Sumbi terus mrentah pasukane kon gulung kain sutra abang ing sisih wetan kutho . Naliko ndelengne warna abang ing sisih wetan kutho , Sangkuriang teros mikir yen bengi iku wis esuk . Dheweke ugo mandheg kerjanane . Dheweke nesu banget mergo ora iso netepi sarat sing diwehi dening Dayang Sumbi . Kanthi kekuwatan , dheweke terus nyuwil bendungan sing digawe mau . Ono banjir parah ing saindenging kutho kui . Banjur nendhang prau gedhe sing digawe mau . Prau iku ngambang lan tibo ing gunung sing diarani “ Tangkuban Perahu .” 01