materi tentang bahasa jawa kelas 9 semester ganjil

HarisKing6 0 views 4 slides Sep 30, 2025
Slide 1
Slide 1 of 4
Slide 1
1
Slide 2
2
Slide 3
3
Slide 4
4

About This Presentation

materi basa jawa kelas 9


Slide Content

Krama lugu Basa krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan , tembung kowe dadi sampeyan , tembung aku dadi kula. Penganggone : Marang wong sadrajad sing durung raket ( durung akrab ). Tuladha : Sampeyan purun tilem mriki Mbak ? Sampeyan benjing menapa tamtu kesah ? Sampeyan dipuntumbasaken jajan pasar?

Krama alus Basa krama alus yaiku basa krama sig tembung-tembunge alus lan kecampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak pacaturan . Tuladhane : Panjenengan kersa sare mriki Mbak ? Panjenengan benjing menapa tamtu tindak ? Panjenengan dipunpundhutaken jajan pasar?

Penganggone krama alus : Wong enom marang wong tuwa Anak marang bapak utawa ibune Putu marang eyang utawa simbahe Ponakan marang pakdhe utawa budhene , lan sapanunggalane Marang wong sing luwih dhuwir drajade Murid marang gurune . Andhahan marang pimpinane . Abdi utawa rewang marang juragane , lan sapanunggalane .
Tags