Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 7 yang menarik

IsmisariIsmisari 2 views 19 slides Sep 19, 2025
Slide 1
Slide 1 of 19
Slide 1
1
Slide 2
2
Slide 3
3
Slide 4
4
Slide 5
5
Slide 6
6
Slide 7
7
Slide 8
8
Slide 9
9
Slide 10
10
Slide 11
11
Slide 12
12
Slide 13
13
Slide 14
14
Slide 15
15
Slide 16
16
Slide 17
17
Slide 18
18
Slide 19
19

About This Presentation

Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 7 yang menarik


Slide Content

Assalamu’alaikum wr. wb

Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2 Serat Wulangreh Pupuh Sinom Oleh Ismisari SMP Negeri 3 Kutowinangun

Serat Wulangreh Pupuh Sinom Pepanggihan ing wekdal menika, badhe ngrembang babagan “Serat Wulangreh Pupuh sinom” Kula suwun para siswa nggatosaken kanthi suka renaming penggalih Matur nuwun

Kompetensi Dasar 3.2 Menelaah teks piwulang serat Wulangreh Pupuh Sinom 4.2 Menanggapi teks piwulang serat wulangreh Pupuh Sinom dengan ragam krama

Ancas Piwucalan Saged maos titilaras sekar Sinom Saged mangsuli pitakenan ingkang gegayutan kaliyan Serat wulangreh Pupuh Sinom Saged ngandharake piwulang saking Serat Wulangreh Pupuh Sinom

Pangertosan Sekar Macapat Sinom Sekar Macapat inggih menika anggitan ingkang kawaos sekawan wanda Sinom tegesipun taksih anem ingkang padhos seserepan lan ngelmunipun gesang Tembang Jawa tegese reriptan kanthi paugeran tinamtu kang pamacane kanthi dilagokake lan bias kanggo ngiring gendhing (swarane gamelan)

Pangertosan Sekar macapat lan Cacahipun Sekar Macapat inggih punika anggitan ingkang kawaos sekawan sekawan wanda Cacahipun wonten 11 tembang : Mijil 6. Gambuh 11. Pocung Kinanthi 7. Maskumambang Sinom 8. Durma Asmaradana 9. Pangkur Dhandhanggula 10. Megatruh

Tembang Macapat Tandha-Tandhane Tembang Macapat Basane nganggo basa Jawa anyar Wewaton guru lagu, guru wilangan, guru gatra, pada lan pupuh Bisa madeg dhewe tanpa iringan gamelan Sastra winengku ing lagu Nggunakake pedhotan lan pernapasan kanthi wewaton aja nganti medhot tembung

Paugeran Tembang Macapat Pupuh (bait) : cacahing pada Pada : araning tembang macapat saben salagu saka gatra tekan pungkasan Guru gatra : cacahing gatra (larik) Guru wilangan : cacahing wanda (suku kata) saben sagatra Guru lagu : tibaning swara ing saben pungkasaning gatra

Kasustran kang Tinemu ing Gendhing lan Macapat Gendhing : swara lelagoning gamelan Gamelan : piranti karawitan kanggo ngiringi tembang. Kayata : bonang, kendhang, gong, kempul, gender, gong gedhe, peking, demung, saron, kenong, slenthem, gambang, rebab, siter, lsp. 3. Laras : rasa thinthingan swara cendhak nganti swara dhuwur 4. Titi Laras : angka minangka gantine swara gamelan

Kasustran kang Tinemu ing Gendhing lan Macapat 5. Pathet : ukuran cendhak lan dhuwure swara kanggo nglagokake tembang 6. Cengkok : lak luking swara kanggo nglagokake tembang 7. Cakepan : syair, tetmbungan kang dienggo ing tembang 8. Pedhotan : pamedhoting swara ing tengahing tembang ing saben larik 9. Bawa : tembang kanggo mbukani gendhing utawa miwiti gendhing tanpa tabuhan 10. Senggakan : unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang kang binarung swaraning gendhing / pradangga

Kasustran kang Tinemu ing Gendhing lan Macapat 11. Gerong : tembang kang dilagokake bareng karo gamelan kanggo mbarengi gendhing, dene sing nggerongi para wiraswara utawa pradangga 12. Wiraswara : penyanyi kakung 13. Swarawati : penyanyi putri, waranggana, pesindhen 14. Irama : ukuran rindhik-rikating panabuhan gamelan 15. Sesindhenan : tetembungan kang dilagokake dening waranggana utawa pesindhen binarung swaraning gamelan

Serat Wulangreh Karipta dening sri susuhunan paku Buwana IV Serat wulangreh Sinom ana 33 pada Saben pada ana 9 gatra Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 Guru lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a Watak tembang Sinom : sabar grapyak lan sumanak Pupuh sinom isi bab dhasar-dhasaring tingkah laku

Tuladha Serat wulangreh Pupuh Sinom Pada 1 Ambege kang wus utama Tan ngendhak gunaning janmi Ami guna ing aguna Sasolahe kudu bathi Pintere den alingi Bodhone dinokok ngayun Pamrihe den inaa Aja nangarani bangkit Suka lila den ina sapadha-padha

Negesi Tembung-Tembung Ambeg : watak Tan : ora Janmi :manungsa Ngayun : ngarep Bangkit : pinter Ingsun : aku Den alingi : ditutupi Amiguna : kabisane

Negesi Tembung-Tembung Kabisan : kapinteran Cubluk : bodho Tyas : ati Wasis : pinter Sunjanmi : wong Kojah : ngandani Raharja : becik Sira : kowe

Sumangga kita sami nyekar sinom Dipun waos titilarasipun langkung rumiyen Sesarengan nembang cakepanipun

Kagem Jejibahan Para Siswa Tulisen piwulang luhur kang ana ing serat Wulangreh Pupuh Sinom pada 1 ! Nembang tembang Sinom kanthi piyambak-piyambak !

Panutup Cekap semanten pepanggihan menika Wonten klenta klentunipun atur nyuwun agunging samodra pangaksami Sugengpeppanggihan wonten ing materi salajengipun Wassalumu’alaikum wr. wb
Tags