KOMPETENSI DASAR
3.1 Memahami teks untuk menyatakan
berbagai maksud dan tujuan dalam
masyarakat sesuai dengan unggah-ungguh
Jawa.
Indikator
3.1.1. Memahami penggunaan tataran bahasa
Jawa di sekolah/di rumah untuk menyatakan
harapan atau doa, menyatakan ikut berbela
sungkawa.
3.1.2. Memahami unggah-ungguh Jawa di
sekolah / di rumah untuk menyatakan harapan
atau doa, menyatakan ikut berbela sungkawa.
UNGGAH-UNGGUH BASA
NGOKO
KRAMA
NGOKO
NGOKO LUGU
NGOKO ANDHAP /
NGOKO ALUS
KRAMA
KRAMA LUGU KRAMA ALUS
I. NGOKO LUGU
A.Sing Nganggo
1. Menyang sapadha-padha kang wis
kulina banget.
2. Menyang sing kaprenah enom utawa
andhahane.
3. Wong sing lagi ngunandika (mbatin)
4. Bocah cilik sing lagi ajar guneman.
5. Wong manca sing durung akeh
kabisane nganggo basa Jawa.
Wujude :
Kabeh tembung ngoko, tanpa tembung krama/krama inggil tumrap
sing dijak guneman.
Yen prelu kena nggunakake tembung krama inggil nanging mung
tumrap sing digunem.
Tuladha :
- Aku sarujuk karo gagasanmu menawa saiki luwih becik ana omah
wae supaya uwal saka virus COVID.
- Aku ora sarujuk menawa sesuk pada dolan amarga wabah durung
ilang.
- Aku melu bungah ya mas, kang mas entuk juara nulis geguritan
lumantar internet.
- Dik aku melu seneng ya, kowe saiki wis isa maca majalah basa
Jawa.
- Melu bela sungkawa awit sedane simbahmu ya Ton.
NGOKO ANDHAP (NGOKO ALUS)
1. Sing nganggo
- menyang sapadha-padha sing isih pada dene
ngajeni.
- menyang sing kaprenah nom kang luwih
dhuwur kalungguhane.
2. Wujude : Ngoko lan krama inggil.
3. Tuladha :
- Sliramu apa Sarujuk pemanggihe pak RT?
- Aku ndherek bela sungkawa awit sedane
sedulurmu ya.
KRAMA
KRAMA LUGU
1.Panganggone : Wong tuwa marang sing
kaprenah enom.
2.Wujude : Krama, Panambange ngoko
3.Tuladha :
- Sampeyan punapa sarujuk kalih gagasan
kula
- Kula ndherek bingah awit kakng sampeyan
sampun lulus
KRAMA
KRAMA ALUS
1.Panganggone : Abdi menyang bendarane
sing dhuwur kalungguhane.
2.Wujude : krama, krama inggil
3.Tuladha :
- Panjenengane boten sarujuk pamanggih kula?
- Kula ndherek mangayubagya putra
panjenengan ingkang sampun lulus.
- Ndherek bela sungkawa awit sedanipun
sedherek panjenengan
GLADHEN :
GAWENEN UKARA ING NGISOR IKI DADI
NGOKO ALUS LAN KRAMA ALUS
1.Bapak guru setuju karo gagasane kepala sekolah.
2.Aku ora setuju karo kancaku menawa arep tuku
buku ana gramedia numpak bis.
3.Ibuku mau esuk ketemu ibu RT banjur ngaturake
melu bungah amarga anake bu RT ketampa ing
SMA negeri.
4.Kakangku ngomong marang aku melu seneng
amarga wis ditumbaske sepatu ibu.
5.Ibu Kepala Sekolah teka ing omahe kanca melu
bela sungkawa awit bapake ora ana.
MATUR NUWUN
AMPUN KESUPEN TETEP JAGA
KASARASAN, KEMPALAKEN TUGAS
SALARAS KALIYAN WEKDALIPUN
( TEPAT WAKTU )