Kelas 8 ; Pawarta (berita) Wulangan IV.pptx

DwiNurMuarifah 0 views 12 slides Oct 20, 2025
Slide 1
Slide 1 of 12
Slide 1
1
Slide 2
2
Slide 3
3
Slide 4
4
Slide 5
5
Slide 6
6
Slide 7
7
Slide 8
8
Slide 9
9
Slide 10
10
Slide 11
11
Slide 12
12

About This Presentation

Materi bahasa Jawa Teks Berita Kelas 8


Slide Content

PAWARTA Wulangan IV, Kelas VII Semester I

PAWARTA/BERITA/KABAR Yaiku : Laporan kadadeyan/prastawa kang narik kawigaten, disiarake kanthi cepet lumantar radhio, Televisi, lan medhia liyane.

Sumber Pawarta yaiku asal usule pakabaran/laporan kadadeyan bisa saka manungsa, lan prastawa kang dumadi wektu iku (aktual) umpamane gunung njeblug, olah raga, seminar, kacilakan lalu lintas, panemune manungsa sawise ngerteni prastawa.

Pawarta disiarke lumantar * Radhio * TV *Internet Pawarta kang ana ing internet luwih cepet ditampa masyarakat tinimbang ditulis ing ariwarti (koran ), Kalawarti (majalah) lan medhia liyane.

Cara Nemokake Pokok-Pokok Pawarta 1. Konsentrasi. 2. Mangerteni pesen pokok saben ukara/kalimat. 3. Nyathet bab- bab sing penting saka pawarta mau. 4. Ngandharake kanthi ringkes saka pokok-pokok pawarta mau.

Ana ngendi berita iku kedadean Kena apa, apa sebabe berita iku kedadean K epiye lumakune utawa kedadeane Apa kang diberitake Sapa kang ana ing sajroning berita Kapan kedadeane berita Unsur/Perangan Pawarta 5 W + 1H WHAT WHO WHEN WHERE WHY HOW

Manawa gawe cengkorongan teks Pawarta kudu nggatekake unsur 5W+1H Cengkorongan Pawarta : A rane/judhul/irah-irahan pawarta : . . . . . . . . Unsur Pawarta : Apa S apa Kapan Geneya/apa sebabe Ing ngendi Kepriye kisah critane/larah-larahe

Kang k udu digathekake nalika maca Pawarta swara/vokal, lagu, lapal/lafal, lan tandha wacan. Yen ora nggatekake prakara mau anggone maca pawarta kaprungu ora bener (kliru) lan asal-asalan (acak-acakan).

Tuladha Pawarta Gathekna Pawarta kang ana slide ppt sabanjure lan golekana unsur 5W+1H saka Pawarta kasebut.!

Kabudayan Jawa Ora Uwal saka Pangaruh Global Salatiga ( Panjebar Semangat ) . Pasuryane Prof. Soetama W.E., M.Pd . K etara lejar / bungah / plong bareng kijang werna ireng meles kang dititihi Mardiyanto ( mantan gubernur ) wis mlebu ing platarane Wisma Tamu Satya Wacana ing dalan Adi Sucipto , Salatiga , Jawa Tengah, Kemis 14 Februari 2014 kepungkur . W is sawetara wektu ketua yayasan Kanthil iku nunggu rawuhe Mardiyanto minangka P embina yayasan kasebut . R awuhe Mardiyanto rada randhat mula dhiskusi kang ngrembug nasibe kabudayan lan basa Jawa kang mapan ing aula Wisma Satya Wacana uga molor, ing mangka peserta dhiskusi utusan saka Jawa Tengah, Jawa Wetan, lan DIY wis nunggu sajam sadurunge. P eserta dhiskusi padha sarujuk manawa piwulangan basa Jawa prayogane isih tetep diparingake marang siswa SMP rong jam saben minggune lan mapel basa Jawa ora gumantung mapel liyane. T egese, ora kudu ngurangi jumlah jam seni budaya lan mapel muatan lokal liyane. Mapel basa Jawa minangka mapel kang mandhiri lan minangka peranganing budaya Jawa kang edi lan peni tumrape wong Jawa. A mrih tetep lestari, manut Dr. (Hc) Sudiyatmana kang diamini /disarujuki dening Soetomo, piwulangan basa Jawa prayogane tetep diparingake marang para siswa wiwit tataran SD nganti tekan tataran SMA. K anthi mangkono basa Jawa tetep lestari, ora bakal mati. D ene tugase para guru agawe supaya piwulangan basa Jawa ing Sekolah luwih narik kawigaten tumraping para siswa kanthi cara nggunakake metodhe sing werna-werna/bervariasi supaya ora njuwarehi. K ajaba iku pamulangan uga nggunakake mediya pembelajaran sing narik kawigaten kanggone para siswa supaya basa Jawa tetep lestari, kabudayan Jawa ora uwal saka pengaruh global.

Warga Gotong Royong Mbangun Kreteg Dharurat Saperangan warga padha gotong royong mbangun kreteg dharurat Plegung,Desa Tegalharjo,Kecamatan Sawit. Pembangunan kreteg dharurat ditindakake supaya panguripane warga ora kaganggu amarga ambrole kreteg kasebut.”Pancen lagi wujud kreteg dharurat, nanging wis lumayan bisa digunakake,”ngendikane Sekdes Tegalreja,Slamet Raharjo. Dijlentrehake, kreteg dharurat dibangun kanthi nggunakake kontruksi pring jinis ori. Jinis pring ori dipilih amarga luwih kuwat. Beya kanggo mbangun kreteg 10 yuta rupiyah, kabeh didandani dening pamarintah desa kasebut. Anggone mbangun kreteg wis diwiwiti limang dina kepungkur,lan diajab supaya rampung sajrone 10 dina. Mengkone kontruksi kreteg iki diajab bisa kuwat nganti setaun, sinambi nunggu pembangunan kreteg kang permanen. “Pembangunan kerteg permanen diajab bisa ditindakake taun ngarep kanthi beya 800 yuta rupiyah.” Kajaba saka kuwi uga bakal digawe saluran kanggo mbuwang banyu ing sakiwa tengene kreteg dharurat. Tujuwane supaya banyu kang iline banter ora langsung ngenani perangan ngisor kreteg. Manawa dijarake wae sumelang bakal longsor lan kreteg bakal ambruk. Sabanjure ditambahake marga saka ambrole kreteg iku sarana jalur bisnis lan bocah sekolah dadi angel. Warga kudu muter luwih adoh liwat dalan liya. Semono uga para juragan lele padha sambat. “ Jalur iki asring diliwati para juragan lele kang numpak pit montor. Malah dalan iki kang mujudake dalan kang luwih cedhak ksnggone bocah-bocah sekolah.” Pasambat kasebut banjur ditanggapi dening pamarintah desa kanthi nggelar rapat bareng anggota masyarakat. Pungkasane disarujuki ing papan kreteg kang ambrol bakal dibangun kreteg dharurat. Tujuwane supaya panguripan ing desa kono ora mandheg. Saka asile musyawarah disarujuki para warga saguh urunan. Salah sawijining warga, Atma(55) nampa seneng pembangunan kreteg dharurat kasebut. Amarga wiwit kreteg kang lawas am brol, dalan menyang peternakan lele dadi keganggu. Dijupuk saperlune Saka Suara Merdeka 18 Juni 2020 kanthi pangowahan sawetara.

Cekap semanten materinipun Matur Nuwun
Tags